KAWRUH BASA
TEMBUNG SAROJA
yaiku tembung loro padha tegese digandheng dadi siji, ngemu surasa akeh utawa
mbangetake.
Tuladha :
1. Ayem
tentrem : ayem banget
2. Gagah
prakosa : gagah banget
3. Sayuk
rukun : rukun banget
4. Adi
luhung : apik banget
5. Babak
bundhas : tatune akeh banget
TEMBUNG ENTAR
yaiku tembung sing tegese dudu teges salugune.
Tuladha :
1. Abang
kupinge : nesu
2. Adus
kringet : olehe nyambut gawe rekasa banget
3. Dawa
tangane : clemer (seneng nyolong)
4. Lunyu
ilate : mencla-mencle
5. Wedi
getih : jirih
TEMBUNG GARBA
yaiku tembung loro kang digandheng nanging wandane disuda.
Tuladha :
1. Ana
– ing : aneng
2. Prapta
– ing : prapteng
3. Nara
– endra : narendra
4. Mara
– ing : mring
5. Prawira
– ing : prawireng
TEMBUNG DASANAMA
yaiku tembung-tembung kang tegese padha.
Tuladha :
2. Angin : bayu, maruta, samirana
3. Banyu : ranu, tirta, warih
4. Gunung : wukir, aldaka, ardi, arga
5. Segara : jaladri, samodra, jalanidhi
SANEPA
yaiku unen-unen sing ngemu teges kosok balen.
Tuladha :
1. Abot
kapuk :
entheng banget
2. Kuru
semangka : lemu banget
3. Legi
bratawali :
pait banget
4. Arum
jamban :
bacin banget
5. Landhep
dhengkul : bodho banget
0 komentar:
Posting Komentar